M E G A R
Antologi Geguritan
Anggitane
Suci Hadi Suwita
Setting Layout
Juko W
Pra cetak
Arier M
MUSI
Pidhane soklat susu kimplah-kimplah
Sangisore kreteg Ampera kang megah
Temlawung rasa
Lakune banyu anteng
Ratusan prahu kemliwer regeng
mina lan manungsa rebut urip
rebutan papan
Rebutan panguripan
ewon dumadine
Ewon dredah pancakara
ewon kacilakan
ing ilining bengawan musi
karan kersane Gusti
Dhuh
sri wijaya balaputradewa
mencorong kinclong-kinclong
ing sejarah kadya rembulan moblong
sembribit wangine mahmud baddarudin
ngrenggani taman nusantara
lumawan srakahe danawa loro rebut kuwasa
musi dadi seksi
kacakup ing syair perang menteng
tirta tanpa sad
jalma durung kuat
nyaring banyu kanggo butuhe manungsa sakutha
musi banyu adi
Geguritan kasebut nyeritakake kathah manungsa kang srakah, lan kacilakaan ing Dunya Niki, nangin Babagan kasebut amarga takdire gusthi Allah. Nanging enten ugi manungsa kang ngusahakake kangge kepentingan Kauripan wong kita, kaya dene Mahmud Baddarudin sing ngelawan srakahe sedulure kangge kepentingan wong liya.
Banglades
saben taun luh tumetes
yen ora prahara nggawa banyu segara
nglumba daratan
salju Himalaya liwat Brahmaputera
mlebu wisma
ngasak asik pari kuning
Sengsaramu duh kawula
ketiga dawa manungsa kurang tirta
kepriye kupiyane negara
ngentaske panandhange kawula
Aku mung nyawang saka njaba
Bangladesh, kutha kang sering kedadean bencana, kaya dene tsunami, kang ndadekake uwit pari pada rusak lan wargane mung bisa pasrah Karo negara sing saged ngurusi.
PYAN
Melek pisan kang Kasawang pyan
Suka kepang, triplek Eternit...pyan
Warna putih, kuning gadhing...pyan
Yen ngalamun watesing panyawang...pyan
Omah tingkat pyan dadi dhasare kamar
katresnanku
Yen sira kangen aku kapang sliramu
Daksawang pyanku
ing kana kita ketemu
ing pangangen-angen
yen ati sesambungan Gusti
kasawang pucuking grana, tesbeh ing driji
pyaning kamar,. pyaning bumi
kasawang nanging ora gamblang
Nalika ningali apa kang den disenengi kudu ana watese, kaya dene ningali wong liya LAN liyane kang mboten becik, kawite nalika ningali mboten dibatasi, bakal kedadean salah paham saking rong pihak lan ndamel dosa serta ing Dina ngarepe bakalan nyesel dhewek.
PEKING
cilik ndhelik ana wingking
katabuh cumengkling
Manjila tanpa tandhing
nanging
uga Peking kang bisa ngrewangi kendahang
ngatur wuama ngabani kanca wingking
tanpa peking pangendhang rumangsa mamring
tanpa rowang peking tan bangkit ngglinding
bebarengan sapangkon bisa gawe mrinding
laras sakersane kang ngripta gendhing
kaprigelane kang anggendhing
peking tansah awas
mawas
ora kena uwas
aja nganti tiwas
pekini umyek ora ngerindhu
ndhiski uga mbarengi
ah, sapa Sira kang duwe kapribaden kaya peking
Jarang manungsa kang nduweni kepribadian kaya dene manuk peking, semakin manuk peking cilik, Nanging manuk Niki lincah sanget , aktif, urip rukun Kalih kelompoke, ceria nyapa lan mbantu nalika enteni bahaya, manuk Niki uga penak gabung kalih kelompok liya, kangge ngrewangi nalika enten bahaya.
LAMPU
neon madhangi kamar Iki
Bagaskara madhangi Bawana
Gusti madhangi ati
Ati kita bakalan mesti dilempengaken dening gusthi Allah SWT, nalika kita sadar apa sing dilakukan kita ing Dunya, kudu sering tawakal lan ati-ati nalika nglakokake apa bae, hal buku uga ndadekake ati kita tentrem lan tenang kaya dene lampu kang nerangi salah Satunggal ruangan lan matahari kang nerangi bumi.
LUWENGKU
kebul kumebul mumbul sundhul antariksa
nyawang awang-awang njingglang padhang
mubeng ndeleng sawates'cakrawala
nggawa netra rasa lan karsa nrajang pepalang
kayu kaobong panas nurut, cerobong
genining ati nuntun pakarti
jagat pasrawungan dalaning pangabekti
sastra jawa pletheking ati kapondhong
Iuwengku abraking makarya nyata
pangenthaku gambaraning rasa lan cipta
loka karya sastra jawa Ngayogya sanga eka
dadi kayu nambahi ubaling dahana
nggurit sarana ngleluri budaya Jawa
ora perduli raga tuwa sirah lima
Makaryalah terus kang nyata ing panguripan kita, kangge rasa LAN kemauan, kita uga nerima karya kang apik kaya dene kukus kang metu lewat cerobong menyangkut Dunya njaba, kita uga angsal ndamel karya kang becik kang kapendet saking pengalaman LAN kreasi dhewek serta tetep nerapna budaya Jawa kang becik ing karya kita, sepira bae umur kita.
JAM
tanpa suku tanpa asta panggah lumaku
tanpa ngarsa tanpa wasana sakarsa Kang Kuwasa
tanpa karsa tanpa cipta dadi pandoming manungsa
tanpa nyawa tanpa tutuk ajeg ngunandhika
tenger wektu ngener maju benar kang kasdu
becik mikir becik kelair becik makarya lan mukir
dom jam, mlaku aja liwat tanpa perlu
kanthi laku, purpanen ambaning jagad dhuwuring wukir
manungsa lair bocah mudha tuwa mati
waktu ajeg lumaku tanpa ndulu satru sekti
jam mung mligi karyaning teknologi
bumi bunder kapetung patlikur jam dumadi
wektu katunggu nglangut nanging tekan
wektu kapungkur dewa mung saunjalen ambegan
Wektu ing Dunya Iki mung patlikur jam inggih punika wektu mesti terus mlaku meng ngarep, Nek kaya niku kita kudu nghargai wektu kalih berfikir saderenge nglakukaken salah sawijining urusan, supaya hal niku mboten sia-sia.
COKROREJO
jeneng jaka cilik dhek aku isih menthik
neng gledhegan iki sakancamu granatan
nganggo gedebog pisang
adhuh
jebul sliramu kagranat Landa ana palagan
Ambarawa
jasadmu tinemu badheg sawise telung dina
jenengmu wangi minangka pahlawan bangsa
tanpa tandha panarima lan bintang
kajaba dadi jenenge gang
apa pengorbananmu iki bisa tumlusup ing jiwane
nom-noman saiki ?
Pahlawan Nasional mesti enten ing negeri Niki, tetep berjuang kangge negeri Niki, jebul dibom Walanda ing palagan Ambarawa, awake tinemu sauwise sampun 3 Dina, Neneng wangimu mung didadosaken jeneng gang. Apa jeneng wangi LAN pengorbananmu esih dieling nom-noman Saiki ?
TIRTA
salah sawiji sarananing panguripan
tanpa toya tangeh ana urip
alus lembut kasdu nlusup sagung pori
nanging yen kurda mbilaeni
tirta bisa maneka rupa
banyu keluk pendhut mendhung udan es lan salju
kabeh piguna tumrap manungsa
mung laut Mati kang sepi ing panguripan
gembuleng Saka segara mumbul antariksa
krempel-krempel saya kandel
jerat-jerit thathik
gebyar sumunar
pratanda toya ing angkasa arep tumiba
yen warih prapteng bumi
ron-ron manthuk nrunthuk
seger cahyane manther
kang anjrih banju lumayu
ranu
tekamu kaantu-antu
yen sliramu nunggang prahara
ngamuk ngosak-asik biwana
dhuh Gusti nyuwun ngapura
Yen Tan kepalang banyu mblandrang
Nrajang sakeh pepalang dadi bathang
Mung tetuwuhan saguh
Ngiguh banyu dimen lumintu
Akas kaduga nyimpen banyu
Manungsa kupiyane kanthi teknologi
Terasering wadhuk LAN bendungan
Namun gusthi kang ngemudheni
GUNUNG MERAPI
njenggereng kereng panggah gagah
yen duka luntak lan ngababi
sapa kang katrajang Iudhes dadi awu
pedhukuhan ing pereng siaga jumangkah
sing kawogan lan warga sedya ngadhepi
macan Merapi mudhun keplayu
februari siji singa singa siji
wedhus gembel saka pucuk Merapi mlarot mudhun
Lindhu mertandhani obahing njero
yen udan lahar dingin bisa nrajang dhusun
panyuwne janma muga Merapi enggal mendha
sisaning duka mring manungsa murakapi
sipate Merapi sadonya ora ana sing padha
pariwisata tansah nyurumupi